Kamis, 05 Juni 2014

Cerkak "Ora Nyangka"


            Jenengku Tina. Aku murid anyar ing SMA 2 Semarang. Sak asline aku iku saka Pekalongan. Nanging wong tuwaku pindah kerja ing Semarang, dadi aku podo bae pindah.
            Dino iki dino pertama aku MOS. Deg-degan rasane. Wedi yen dikon sing ora-ora utawa dibentak-bentak areng kakak kelas. Yo alhamdulillah, sing biasane aku tangi awan jam wolu, dino senen iki aku biso tangi gasik jam lima.
            Aku mangkat marang sekolah karo mlaku. Omahku cedak saking sekolah, dadi aku bisa mendeng nyantai sithik. Udakara sepuluh menit perjalanan, aku tekan sekolah. Banjur aku mlebu luru kelasku.
            Sakwise mlebu kelas, kakak kelas sing arep menehi sosialisasi padha mlebu. Ana salah sijine kakak kelas iku sing ganteng banget yaiku sing mlaku nang mburi dewe. Kasengsem aku. Uwis ganteng, dhuwur, lan katokane dheweke wong sing apik.
            Kursi ing sebelahku kosong. Mas-mas kuwi njegok ing sebelahku. Dag-dig-dug, rasane jantungku meh copot. Aku ora bisa ngapa-ngapa.
            Bel ngaso wes muni. Kakak kelas padha metu ninggalke kelas. Bocah-bocah uga padha metu marang kantin. Aku lan sakgelintir bocah jek utuh nang kelas. Agung, kakak kelas sing mau njegok ing sebelahku jek nang ngarep kelas, nakoni bocah-bocah sing ora padha jajan kaya aku.
            “Boten napa-napa, mas. Kula sampun mbekta bekal saking omah”, wangsulanku. Aduh, jantungku arep copot maneh. Mas Agung ngomong karo aku nggawe aku seneng.
***
            Telung dina wis dakliwati. MOS wis rampung. Saiki ora krasa aku wis setengah taun sekolah nang SMA iki. Aku isih utuh kasengsem karo Mas Agung. Sewulan terakhir iki, aku sms-an terus karo Mas Agung. Sing pertama iku udu aku tapi Mas Agung. Jarene entuk nomerku saking formulir ekskul sing tau dak isi.
            Lan sakjalane wektu, Mas Agung ngungkapke perasaane karo aku. Aku rada kaget. Mas Agung ora tau menehi kode yen seneng karo aku. Wektu iku, Mas Agung mung ngomong lewat sms. Dheweke ngajak ketemuan.
            Ing sawetara dina, aku lunga ing panggonan sing diwenehi ngerti Mas Agung. Udakara setengah jam aku ngenteni, tapi Mas Agung ora tekan-tekan.
            Langite katon peteng. Hawane atis banget, sempripit. Sedilut maneh udan. Mas Agung ora teka-teka, aku dak tinggal muleh. Kesel ngenteni Mas Agung
***
            Ing sekolah, krung-krungu Mas Agung wingi kacilakaan. Saiki nang rumah sakit. Maknyesss, atiku langsung trenyuh. Bali sekolah aku langsung lunga tumuju marang rumah sakit.
            Nang ngarep ruangane Mas Agung, aku ngadeg ndelokake Mas Agung sing lagi turonan ing kasur. Tangan karo sikile padha di perban. Trenyuh atiku. “Melaske temen sampeyan mas. Aku ora tego weroh sampeyan kaya ngunu”, batinku.
            Aku mbuka lawang lan mlebu. Nang ruangan kuwi ora ono sapa-sapa. Kayane keluwargane Mas Agung lagi padha metu. Aku njegok ing sebelahe kasur. Mas agung lagi turu. Aku nggojeki tangane Mas Agung. Ora krasa, pipiku teles kena banyu saking mripatku. Tetesan tangisku tiba ing tangane Mas Agung. Mripate Mas Agung kebuka teka sithik.
            “Tina...” Mas Agung ngundang namaku karo suara lirih.
Aku mesem
            “Tina, maap yen aku ora biso nepati janjiku” ucape Mas Agung karo suara lirih lan lemes.
            “Nggih mas. Boten napa-napa. Sing penting mas kudu tatu, kudu sehat. Nggeh mas?” wangsulanku karo nahan tangis.
            Mas Agung mung mantuk.
            “Dhek, sing arep mas omongke wektu iku...... babagan perasaaane mas...”
            “Iyo mas. Kula sampun ngertos”, aku motong ucapane Mas Agung. “Aku ngerti yen Mas Agung sayang lan tresno karo aku. Padha kaya aku mas”  omongku karo nunduk.
            “Aku wedi yen kelangan Mas Agung. Mas lara kaya ngene wae, aku sedihe ora umum,” aku nangis maneh.
            Mas Agung ngulapi banyu sing nang pipiku, “Uwis,aja nangis maneh. Ngko ayune ilang.”
            Aku mesem, “Mas Agung kudu cepet waras,cepet tatu”
            “Iyo, Kan aku wis ditengoki karo cah sing ayu iki, ngesok mesti uwis mari,” Mas Agung nggegem tanganku.
            Sakwise telung dina, Mas Agug metu saking rumah sakit. Yo senajan jek utuh di perban, tapi wes rada sehat. Jarene bosen nang rumah sakit terus.
Aku nengoki Mas Agung ing omahe. Kadangkala aku lan Mas Agung mlaku-mlaku bareng yen esuk. Aku seneng, wong sing biyen dak kagumi saiki dadi pacarku.

                                                            ***


Ini cerpen buatanku sendiri juga...
Maaf bahasanya jelek dan terima kasih yang masih setia baca tulisan-tulisanku di blog ini :-)

0 komentar:

Posting Komentar